Skip to main content

Asal Mula Desa Banyuurip

Nah, bagi adik-adik, yg cari artikel asal usul desa kalian masing-masing dalam bahasa jawa, kali ini kakak akan posting tentang Asal Mula Desa Banyuurip tepatnya di Kecamatan Tegalrejo, Kabupaten Magelang. Boleh langsung di copas aja! Silahkan ^^


Wektu jaman penjajahan landa, ing salah sawijining desa, ana kyai loro. Jenenge Kyai Sutareka karo Kyai Sutabangsa. Dheweke kakang adhi. Ing salah sawijining dina, Kyai Sutabangsa, adhine Kyai Sutareka lara nemen nganti meh mati.

Wis ditambakake rana – rene ora mari malah saya parah larane. Kyai Sutareka bingung golek tamba ora entuk – entuk, kamangka keaadhane Kyai Sutabangsa saya parah. Kyai Sutareka sedheh tenan adhine lara parah golek tamba ora entuk – entuk.                

Nalika Kyai Sutareka lunga arep golek tamba, Kyai Sutareka liwat kali. Kali sing diliwati Kyai Sutareka jenenge Kali Kemukus. Ing Kali Kemukus ana Kedhokan cilik. Wektu liwat kali mau, Kyai Sutareka weruh Kedhokan cilik mau, kang banyune asli saka tuk, bening lan seger.Kyai Sutareka banjur eling karo adhine, yaiku Kyai Sutabangsa. Kyai Sutareka banjur mudhun ning Kali Kemukus nyedhaki kedhokane.                

Kyai Sutareka kepengen nyidhukake banyu kedhokan kanggo Kyai Sutabangsa. Nalika arep nyidhuk, Kyai Sutareka bingung banyune arep diwadhahi apa. Ing cedhake kedhokan mau ana godhong lumbu. Banjur, Kyai Sutareka nyidhuk banyune, diwadhai godhong lumbu lan digawa bali.Tekan omah banyu mau diombekake Kyai Sutabangsa. Sabanjure ngombe banyu kuwi, Kyai Sutabangsa langsung mari. Desa ing cedhake Kali Kemukus mau banjur dijenengi Desa Banyuurip. Dene desa sing gawe manggon Kyai Sutabangsa, dijenengi Desa Palumbon utawa Plumbon.Bisane dijenengi Desa Palumbon utawa Plumbon, amarga ing desa kuwi gawe ngguwang godhong lumbu, sing gawe wadhah banyu saka Kali Kemukus lan banyu kaline diombe Kyai Sutabangsa. Nganti seprene banyu ing Kali Kemukus ora tau mati.                

Ing cedhake Desa Banyuurip, uga ana Desa cilik jenenge Desa Presil. Bisane dijenengi Desa Presil, amarga sakdurunge dibangun omah-omah desa, arupa tegalan. Tegal mau dituku karo wong  kang sugih banget banjur ditanduri phanili. Tegal mau pancen dipresilake.Nanging karo sing nuku tegal mau dibangun omah mung siji yaiku omahe sing tuku tegal mau. Banjur sing tuku tegal mau pindhah lan desa kuwi dijenengi Desa Presil lan saiki didadekake omah warga utawa pendhudhuk.



source: Mbah Sutik

Comments